× Artikel Pitedah Ringkes Poster Video

Ora Wani Nganakena Mantenan Utawane Sunatan Neng Wulan Safar

Ora Wani Nganakena Mantenan Utawane Sunatan Neng Wulan Safar

Fatwa nomer 10775
Takon:

Inyong krungu nek ana pirang wong percaya nek ana wong ora wani gawe acara mantenan utawane sunatan neng wulan Safar. Inyong njaluk karo rika kanggo mbimbimg awake inyong maring dalan kebecikan sing sesuai karo Syariat Islam (Hukum Islam). Moga-moga Allooh Subhanahu wa Ta’ala wenehi perlindungan kanggo rika

Wangsulan:

Apa sing wis disebutaken sing kaitane  larangan mantenan utawane sunatan neng wulan Safar kuwe jenengan Takhayul. Dadekaken Takhayul maring wulan,dina, manuk, lan kewan kuwe pada bae ora olih. Neng Shahih Al Bukhari lan Muslim disebutaken lewat hadits Abu Hurairah radhialloohu’anhu bahwasane Rasulullooh shalalloohu ‘alaihi wassalam ngendika,” Ora nana ‘Adwa (Penyakit menular sing penularana penyakite kuwe secara alami karepe deweke dudu jalaran taqdire Allooh), bar kuwe ora nana Tiyarah (Pertanda sing ala), bar kuwe ora nana Hamah (keyakinan nek wong sing wis mati balunge dadi manuk kokok beluk/burung hantu), bar kuwe ora nana Safar (Wulan Safar sing diyakini nduweni untung lan keelekan neng jaman Jahiliyah). Dadekaken takhayul neng wulan Safar  merekena wong dadi ora wani (Pesimisme) sing menghambat kegiatan lan kalebu tumindak Jahiliyah sing dilarang neng Islam.

Wabillaahi taufiq, moga-moga ketentreman lan rahmat Allooh kanggo Nabi Muhammad shalalloohu ‘alaihi wassalam, keluargane, lan para shahabate.

Komite Tetep Kanggo Riset Ilmiah Lan Fatwa

Ketua: `Aziz bin Abdullah bin Baz`

Wakil Ketua:` Abdul Razzaq Afify “ Abdul

Anggota : `Abdullah bin Ghudayyan

Terjemahan sekang: http://www.alifta.com/

 

Poster Lainnya

Poster Dakwah Salafy Ngapak 297
Poster Dakwah Salafy Ngapak 1151
Poster Dakwah Salafy Ngapak 965
Poster Dakwah Salafy Ngapak 514
Poster Dakwah Salafy Ngapak 311
Poster Dakwah Salafy Ngapak 967

Video

Larangan Mencela Penyakit

Larangan Mencela Penyakit

Pemateri: Asy Syaikh Kholid bin Dhahawi Adz Dzaifiri Hafidzahulloh

Pitedah Ringkes

Artikel