× Artikel Pitedah Ringkes Poster Video

Wong Wadon Ora Gelem Jima’ Karo Bojone Jalaran Bojone Tukang Mendem (Teler)

Wong Wadon Ora Gelem Jima’ Karo Bojone Jalaran Bojone Tukang Mendem (Teler)

Pitakonan kaping lima sekang fatwa nomer 6948

Pitakone:

Apa diolihena kanggo wong wadon nolak dijek jima’ neng bojone sing seneng mendem (tukang teler. penerj), jalaran deweke ora tahan karo tingkah polahe bojone sing seneng mendem kuwe? Apa deweke dianggep duweni dosa jalaran ora gelem jima’ karo bojone lan disupatani dening para malaikat kaya dene sing disebutaken neng hadits?

Wangsulane:

Nek kasuyatene yakuwe sing wis disebutaken neng deweke, deweke ora nduweni dosa. Deweke kudu nasehati bojone lan nek bojone nglakoni tobat marang Allooh, Alhamdulillaah. Ananging, nek bojone wegah lan tetep nglakoni lakun sing ora becik kuwe, deweke bisa njaluk talak yakuwe pegatan sing diputusaken dening bojone kanggo ngilari awake deweke sekang kemungkaran yakuwe sing ora bisa ditampa utawane ditolak sekang hukum Islam lan jumhur ngulama. Nek bojone wegah megat deweke, deweke ngajukaken gugatan cerai maring pengadilan agama. Wabillahi taufiq. Moga-moga kentrentenan lan rahmat kanggo Nabi Muhammad shalloohi ‘alaihi wassalam, keluwargane, lan shahabate

Komite Tetep Kanggo Riset Ilmiah Lan Fatwa KSA

Ketua : ` Abdul `Aziz bin Abdullah bin Baz`

Wakil Ketua : ` Abdul Razzaq Afify `

Anggota:
`Abdullah bin Qa` ud

`Abdullah bin Ghudayyan

Terjemahan sekang: http://www.alifta.com

Poster Lainnya

Poster Dakwah Salafy Ngapak 988
Doa Masuk Desa atau Kota
Poster Dakwah Salafy Ngapak 717
Poster Dakwah Salafy Ngapak 721
Poster Dakwah Salafy Ngapak 312
Poster Dakwah Salafy Ngapak 915

Video

Sebab-sebab Meraih Keikhlasan dalam Berpegang Teguh dengan Agama

Sebab-sebab Meraih Keikhlasan dalam Berpegang Teguh dengan Agama

Pemateri: Syaikh Sholeh bin ‘Abdillah Al Fauzan

Pitedah Ringkes

Artikel