Hukum Nganggo Lenga Rambut Pas Wudhu

Sing Nulis: Komite Tetep kanggo Penelitian Ilmiah lan Fatwa
Pitakonan kaping loro sekang fatwa nomer 18458 (Bab 4; Halaman 70)
Pitakonane:
Ana akeh werna lenga rambut. Lenga lan obat kanggo rambut liyane ana sing digawe sekang zat kenthel sing ora bisa nembus maring rambut, apa sing kudu inyong lakoni nek nganggo lenga rambut pas arep wudhu? Inyong njaluk sarane panjenengan, Jazakumulloohu khoiron.
Wangsulane:
Werna lenga sing duweni kekenthelan sing bisa ngalang-ngalangi banyu maring dumununing kulit kudu diilangaken sedurunge wudhu. Nanging, nek werna lenga rambut kuwe ora nduweni kekenthelan, ora nana pengaruhe karo syahe wudhu.
Wabillaahi taufiq. Ashalatu wa salamu ‘ala nabiyuna Muhammad shalalloohu ‘alaihi wassalam wa ‘ala alihi wa ashabihi ajmain.
Komite Tetep kanggo Penelitian Ilmiah lan Fatwa
Ketua: ` Abdul `Aziz bin` Abdullah bin Baz
Wakil Ketua: ` Abdul `Aziz Al al-Syaikh
Anggota:
Bakar Abu Zaid
Sholih Al-Fawzan
`Abdullah bin Ghudayyan
Terjemahan sekang: http://www.alifta.net