Biyunge Mrentah Anake Lanang Dikon Megat Bojone

Fatwa Nomer 8993
Pitakanane:
Apa diolihena neng syariat Islam ana biyung mrentah anake ngekon megat bojone, padahal bojone kuwe bojo sing taat, polah tingkahe apik, lan wis nduweni anak lanang lan anak wadon? Anake kiye bingung antarane nyenengena biyunge apa arep ora adil maring bojone. Apa sing kudu dilakoni neng deweke? Moga-moga Allooh membimbing panjenengan
Wangsulane:
Anak kuwe kudu bekti karo wong tuwa neng tingkah polah lan omongan, nanging ora wajib maring deweke kanggo megat bojone deweke mung kanggo nyenengena atine biyunge nek kasunyatne kaya kuwe kaya dene sing wis diomongena neng pitakonane. Jalaran Nabi shalalloohu ‘alaihi wassalam ngendika,”Wajib taat mung apa sing ana kebecikane”
Wabillaahi taufiq, moga-moga ketentreman lan rahmat kanggo Nabi Muhammad shalalloohu ‘alaihi wassalam, keluargane, lan para shahabate,
Komite Tetep Kanggo Riset Ilmiah lan Fatwa
Ketua: ` Abdul `Aziz bin Abdullah bin Baz`
Wakil Ketua: ` Abdul Razzaq Afify `
Anggota: `Abdullah bin Qa` ud; `Abdullah bin Ghudayyan
Terjemahan sekang: http://www.alifta.com